Tembung camboran yaiku tembung loro kang digandeng dadi
siji. Tembung camboran diperang ana loro, yaiku:
1.
Tembung camboran
wutuh/tunggal yaiku tembung loro digawe dadi siji nduwe teges anyar.
Tuladha :
anjani putra :
anoman
bala pecah :
barang gamapang pecah
bapa biyung :
wong sing ngukir jiwa raga
buntut urang : rambut ing githok
gantung kepuh : ora tau ganti
sandhangan
gantung siwur :
katurunan kang kaping pitu
gotong mayit : anak 3 wadon kabeh
gilir kacang :
anak akeh giliran lanang lan wadon
imagiri :
araning panggonan (desa) ing bantul
jaran
kepang :
wewangunan kaya jaran digawe saka kepang
juru kunci :
tukang ngrumat papan kramat, sareyan
kacamata :
tesmak, piranti kanggo ndeleng
kadhal menek :
araning gelung (pungkasaning gurung)
kala menjing :
jendholan ing gulu tumrap wong lanang
karang malang :
araning desa
mata tuwa :
wong tuwane bojo
nagasari :
araning panganan
perang rusak :
araning bathik
randha royal :
araning panganan
semar mendem :
araning panganan
tutup keyong :
peperangan omah kampung
udan riris :
corak bathik
wanasaba :
araning kutha
2.
Tumbang camboran
tugel/wudhar yaiku tembung loro
digandeng dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge.
Tuladha :
bangjo : abang ijo
bangjo : abang ijo
bulik :
ibu cilik
dhelik :
gedhe cilik
dhengus :
gedhe bagus
dubang :
idu abang
kakkong :
tungkak bokong
kongel : bokong cengel
kosik :
mengko dhisik
lunglit :
balung kulit
pakdhe :
bapak gedhe
pakpuh :
bapak sepuh
perko :
emper toko
tingwe :
nglinting dhewe
thukmis :
bathuk klimis
Tidak ada komentar:
Posting Komentar