
Anggitan
: KGPAA Mangkunagara VII
1.
Jejer ing negari Astina.Prabu
Suyudana miyos ing pancaniti. Ingkang sumiwi putra R Lesmana
Mandrakumara, Dhahyang Durna, Patih Arya Sangkuni tuwin para Kurawa
pepak, R Arya Dursasana, R Kartamamarma, R Durmagati, R Citraksa, R
Citraksi.
Ginem : Sang Prabu suyudana angsal wangsiting jawata,
dhinawuhan nglampahi puter puja medal saking praja . Dhahyang Drona
dhinawuhan andherek, dene Patih Arya Sangkuni dalah para Korawa amung
kalilan nguntapaken. Sasampuning dhawuh lajeng kondur angadhaton,
Dhahyang Durna andherek srinata. Lajeng bibaran nangkil.
2.
Madeg
ing gupit Mandragini. Sang padniwara Dewi Banowati lenggah ing
pananggap prabasuyasa, ingadhep Dewi Lesmanawati tuwin para parekan.
Risang wara angentosi kondurira srinata ngiras pantes mariksani ajaring
bedhaya srimpi. Kasaru konduripun Sang Prabu tuwin Dhahyang Drona,
lajeng pinethuk ing garwa miwah putra. Kekanthen asta lajeng binekta
lenggah satata tuwin Dhahyang Drona . Sang nata imbal wacana dhateng
garwa tuwin putra kawontenanipun ing pasewakan, lajeng tindak
pambojanan. Sasampuning bojana lajeng santun busana, lajeng mijil ing
jawi, Dhahyang Drona tan kantun.
3.
Madeg ing paseban njawi.
Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa, R Arya Dursasana, R Kartamarma, R
Durmagati, R Citraksa, R Citraksi, R Arya Jayadrata. Ginem : Anggenipun
badhe nguntapaken tindakipun sang nata dhateng wana Krendhayana, denira
arsa puter puja. Patih Arya Sakuni lajeng dhawuh siyaga, para Korawa
sampun samekta sami wahana turangga, namung ngentosi miyosipun sang
nata, titihanira rata kencana sampun mangarsa. Wiyosipun Sri Suyudana
tuwin Dhahyang Drona lajeng nitih rata kencana. Lajeng bidhal, ;para
Korawa sami kapalan.
4.
Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang
Prabu Jayabirawa miyos pandhapi, ingadhep Patih Siwanda tuwin para
punggawa ditya sawatawis. Ginem : Sang Prabu miyarsa warta bilih para
ratu ing tanah Jawi sami puter puja wonten ing wana Krendhayana . Sang
Prabu kersa angresahi denira sami denira puter puja. Sang nata lajeng
animbali punggawa siluman, sampun mangarsa ditya Jaramaya, Doramiya.
Para ditya seluman sami dhinawuhan angresahi para ratu tanah Jawi denira
sami puter puja wonten ing wana Krendhayana. Ditya seluman lajeng sami
pangkat, sang nata kondur angadhaton.
Sigeg.
Lampahipun para sata
Korawa ing Astina, ingkang sami nguntapaken srinata Astina tindak
dhateng wana Krendhayana sareng dumugi ing margi kapapag ditya saking
nagari Nungsakambang. Pasulayaning rembag dadya prang, wasana sami
sesimpangan margi.
5.
Madeg ing pratapan Wukir Ratawu. Sang
Bagawan Abyasa lenggah ing pacrabakan, ingadhep ingkang wayah R
Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca miwah panakawan tiga Kyai Semar,
Nalagareng, Petruk tuwin para cantrik. Ginem : Sang Begawan andangu
dhateng kang wayah kekalih. Sami matur uninga lelampahanipun para
Pandhawa anggenipun muter puja : Sang bagawan Abyasa dhawuh dhateng R
Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca kadhawuhan sami mantuk, amit rinilan
pangkat ingiring panakawan repat tetiga. Sang Begawan lajeng tindak ing
pamelengan.
6.
Madeg ing wana tarataban. Ditya Jaramaya,
Sadumia, Doramiya. Ginem : Anggenipun kautus , gustinipun kadhawuhan
angresahi para ratu tanah Jawi ingkang sami puter puja. Mangkana
lampahira R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca ingiring Kai Semar,
Nalagareng, Petruk saya celak lajeng kapapag ditya tetiga. Pasulayaning
rembag dados prang rame. Ditya seluman boten saged pejah lajeng krodha
anamakaken muksala. R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca sareng sami
kenging kemayan lajeng dados reca. Kyai Semar, Nalagareng , Petruk sami
sumerep bendaranipun dados reca lajeng sami mantuk dhateng Madukara
nedya atur pariksa.
7.
Madeg ing wana Krendhayana. Sang Prabu
Suyudana tuwin Dhahyang Drona , Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa. Sri
Suyudana tuwin Dhahyang Drona lajeng sami amiwiti puter puja. Patih
Arya Sakuni lajeng wangsul mantuk dhateng ing nagari Astina tuwin para
kadang Korawa lajeng sami pangkat.
8.
Madeg Sang Bagawan
Lanowa, satriya atapa bisu. Lajeng kasaru rawuhipun Sang Prabu Suyudana
tuwin Dhahyang Dorna. Sang begawan dinangu kendel datan mangsuli,.
Sareng sinerapaken dening Dhahyang Drona matur menggah anggenipun tapa
punika perlu napakaken mantu kula nama R Arjuna. Sang Prabu sareng
miyarsa aturing sang begawan, Sang Prabu Suyudana langkung krodha. Sang
Begawan pinejahan kuwanda muksa, tilar swara angancam benjing prang
Bratayudha badhe males. Sang Prabu lajeng andumugekaken anggenipun puter
puja.
9.
Madeg ing Madukara. Raden Arjuna lenggah kaliyan
ingkang garwa dewi wara Sumbadra tuwin dewi wara Srikandhi. Kasaru
dhatengipun Kyai Lurah Semar, Nalagareng, Petruk sarwi tawan-tawan
tangis. Dinangu, matur tiwasing putra R Angkawijaya tuwin R Arya
Gathutkaca, sami dados reca wonten wana tarataban. Awit perang kaliyan
ditya seluman, lajeng kenging kemayanipun. R Arjuna sareng miyarsa
turira Kyai Semar, Arjuna langkung duka arsa ngupadosi ingkang putra.
Lajeng pangkat kadherekaken panakawan repat tiga Kyai Semar, Nalagareng,
Petruk.
10.
Sigeg. Ing wana tarataban. Lampahipun R Arjuna
kapethukaken dening Sang Hyang Bethari Durga amancala warni pawestri
endah kang warni nama Dewi Talimendang. R Arjuna uninga Dewi Talimendang
lajeng kasmaran. Sang Dewi dipun ngungrum malajeng, binujung. Sang Dewi
babar Sang Hyang Bathari Durga, lajeng paring sabda dhateng R Arjuna
kados bantheng. R Arjuna lajeng dados bantheng, nanging meksa ambujung
kemawon, sareng enget sumerep wujudipun piyambak lajeng anjetung kendel.
Kyai Semar, Nalagareng, Petruk ugi nangis bingung katilapan
bendaranipun. Lajeng nedya mantuk, bantheng dhateng ing nagari
Dwarawati.
11.
Madeg ing nagari Dwarawati. Sang Prabu Kresna
miyos ing pandhapi ageng, ingadhep ingkang putra R Samba tuwin R Arya
Setyaki. Sowanipun Patih Udawa atur uninga ing njawi wonten bantheng
ngamuk. Lajeng kapapagaken sang Prabu Kresna. Bantheng lajeng
angrungkebi padanipun ingkang raka Prabu Kresna sarwi akathah-kathah.
Sang Prabu lajeng ambiyantu mancala warna dados rare bajang nama Jaka
Sungkana, bantheng nama bantheng Andini lajeng tinumpakan. Lajeng
pangkat dhateng praja Nungsakambang.

12.
Madeg
ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa miyos ing pandhapi, ingadhep
ingkang rayi R Arya Wrekodara , tuwin R Nakula, R Sadewa. Ginem : Sang
Prabu arsa puter puja. Sang Prabu Puntadewa dhahwuh dhateng ingkang rayi
R Arya Wrekodara tuwin R Nakula. R Sadewa sami dhinawuhan andherek
dhateng ing wana Krendhayana, sampun sami samekta lajeng bidhal.
13.
Madeg
ing wana Krendhayana. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi R Arya
Wrekodara, R Nakula, R Sadewa. Wonten ing ngriku sami amanggih reca
gajah pethak, ing nalika samanten patilasanipun R Gajahoya. Sri
Puntadewa tuwin para rayi lajeng sami amatrap semadi. Boten antawis
dangu rawuhipun Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra amaringaken
panetepipun agami, utawi tulus anggenipun angratoni ing nuswa Jawi.
Tuwin ungguling Bratayuda ing benjing. Sasampuning dhawuh Sang Hyang
Narada tuwin Sang Hyang Endra lajeng sami kondur ing kahyangan. Sang
Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi sami kondur mring Amarta, lajeng
bidhalan.
14.
Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang Prabu
Birawa miyos ing pandhapi , ingadhep Patih Siwanda. Kasaru rawuhipun
Sang Hyang Bathari Durga, sampun lenggah satata. Ginem : Sang Hyang
Bathari Durga paring uninga bilih raden Arjuna sirna. Sang Prabu Birawa
suka panggalihipun, Sang Hyang Bathari Durga lajeng kondur makayangan.
Katungka dhatengipun R Jaka Sungkana anumpak bantheng Andini , wonten
ing alun-alun ing Nungsakambang angamuk. Sang Prabu Birawa krodha lajeng
medal ing njawi panggih ayun-ayunan prang rame. Patih Siwanda lajeng
dados sima gembong, ingaben kaliyan bantheng Andini lajeng babar R
Arjuna. Sang Prabu Kresna lajeng angayat cakra, sampun lumepas kenging
Prabu Birawa lajeng babar Sang Hyang Kala. Sima gembong kenging lajeng
babar Hyang Kalayuwana, lajeng sami muksa dhateng ing kahyangan.
15.
Madeg
Prabu Kresna tuwin R Arjuna. Ginem : Sasirnaning Sang Hyang Kala lajeng
ngupadosi para kadang Pandhawa. Sri Kresna tuwin R Arjuna dumugi ing
wana tarataban uninga reca kekalih bagus warnanipun, lajeng pinarepekan.
Sareng sampun celak lajeng rinuwat, reca kekalih babar R Arya
Gathutkaca tuwin R Angkawijaya. Dinangu, matur purwa madya wasana katur
ingkang uwa Sri Kresna tuwin rama R Arjuna. Kang putra kekalih lajeng
kadhawuhan andherek kondur dhateng nagari Amarta, lajeng sami bidhal.
Lampahipun
Prabu Kresna, R Arjuna tuwin putra R Angkawijaya R Gathutkaca dumugi
ing margi kapanggih ingkang rayi Prabu Puntadewa tuwin kang rayi R Arya
Wrekodara, R Nakula, R Sadewa . Ginem : Sri Kresna warta-winartan lejeng
ingaturan kondur dhateng nagari Amarta , sadaya lajeng bidhal.
16.
Madeg
ing nagari Astina. Sang Prabu Suyudana miyos ingadhep dhahyang Drona
tuwin Patih Arya Sakuni. Ginem : Anggenipun mentas lumampah puter puja
tuwin anggenipun mejahi pandhita tapa ingkang boten dosa. Sang Prabu
rumaos manggih sesikuning jawata. Sang Nata esmu kaduwung sarta amireng
pawartos bilih kadang Pandhawa anggenipun sami lampah puter puja angsal
damel. Sri Suyudana lajeng animbali para kadang Korawa. R Arya
Dursasana, R Arya Jayadrata, R Kartamarma, R Durmagati, R Citraksa, R
Citraksi sampun sowan, lajeng kinen mangarsa. Sang Prabu dhawuh dhateng R
Arya Dursasana sakadangira dhinawuhan angrampit ing praja Amarta. Sami
sandika lajeng bidhalan, sang nata lajeng kondur ngadhaton.
17.
Madeg
ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi Prabu Kresna
ingadhep para rayi, R Arya Wrekodara, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa
tuwin para ;putra santana pepak. Ginem : sang Prabu Puntadewa ngaturaken
anggenipun anglampah puter puja nalika wonten Krendhayana. Anggenipun
semedi ing ngriku lajeng katurunan Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang
Endra andhawuhaken timbalanipun Sang Hyang Girinata. Sri Kresna miyarsa
langkung suka ing galih, sang Prabu Kresna ngantos ngaturaken
lelampahinipun nalika wonten ing praja Nungsakambang, katur sadaya.
Lajeng kasaru gegering njawi dhatengipun para Korawa sami angrampit
praja. Sang Prabu Puntadewa dhawuh dhateng ingkang rayi R Arya Wrekodara
dhinawuhan mapag. R Arya Wrekodara lajeng medal njawi, dumugi ing njawi
lajeng prang sampak. Para Korawa sami kasor lumajar sar-saran, R Arya
Wrekodara lajeng wangsul dhateng pasewakan.
18.
Madeg Sang
Prabu Puntadewa, Prabu Kresna, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa, R
Angkawijaya, R Arya Gathutkaca para kadang Pandhawa pepak, tuwin para
putra santana. Sowanipun R Arya Wrekodara ingkang mentas saking yuda,
sampun lenggah satata. Lajeng mangun bojana andrawina. Tanceb kayon.
Sumber :
http://corojowo.blogspot.com/search/label/15%20LAKON%20WAYANG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar