Solo_ Pelajaran Basa Jawa
bakal diilangi saka pelajaran SD, SMP, lan SMA ing kurikulum 2013 gawe khawatir
bakal ilange Aksara Jawa. Sebab salah siji cara nglestarekake Aksara Jawa yaiku
nglebokake Basa Jawa ing kurikulum sekolah.
Peneliti
budaya Jawa lan Javanologi Universitas Sebelas Maret (UNS). Arif Hartata matur, Bahasa Jawa bisa mujudake pola sikap
lan pola pikiran menungsa. “Basa Jawa kuwi sugih dhewe nalika digoleki
panggonane, ana tahapan Basa Jawa yaiku Basa Jawa kuna, Basa Jawa tengahan, lan
dadi Basa Jawa anyar. Ana krama inggil, jawa ngoko lan kuwi ndudohake anane
tata krama manungsa,”Jarene. Nyawang ragam perkembangane basa Indonesia sing
wis dadi tren ing kalangan padhusunan malah gawe lunture basa daerah. Kenyataane tiyang padhusunan kulina nganggo
Basa gaul minangka Basa saben dinane. Miturut Arif bisa ngakibatake dekontruksi
ing dialek basa. “nalika Basa Jawa diilangi ing kurikulum 2013, menungsa bakal
kilangan jati dirine minangka dadi wong Jawa. Saiki ana ing pendidikan formal
wae akeh siswa sing ora bisa nulis aksara Jawa utawa nerapake Basa Jawa sing
bener” jarene lulusan S2 kajian Budaya UNS. Arif nambahake, basa kuwi yaiku
unsure saka budaya sing prelu dilestarekake amarga kewajiban menungsa lan
direwangi pihak Pemerintah Kota (PemKot). Nandur rasa seneng budaya kawit cilik
karo ngenalake basa utawa budaya daerah, ing jero pendidikan formal minangka
solusi sing apik . “Kudune kebijakan pemerintah lan lembaga-lembaga pendidikan melu
mbantu lan peduli karo kelangsungane basa daerah lan budaya, amarga kuwi gawe
dampak ing rusake Aksara Jawa. “Jarene.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar