Wis dadi barang nyata, menawa
basa kuwi penting kanggo sarana komunikasi wong-wong. Salah sijining basa kang
akeh dimangerteni dening wong Indonesia khususe pulo Jawa yaiku Bahasa Jawa.
bahasa jawa iku pancen wis terkenal lan akeh digunaake dening masyarakat
Indonesia khususe ana ing Pulo Jawa yaiuku Jawa Tengah, DIY, lan Jawa Timur.
Ora mung terkenal seantera Indonesia, bahasa lan budaya Jawa uga wis dikenal
neng mancanegara. Kayata negara Australia, Belanda, Jepang lan esih akeh maning
nganti-nganti udu mung wong asli Jawa sing nglestariake basa lan budaya Jawa,
nanging akeh uga wong-wong landa kang pada demen nglestareake lan nyinauni basa
Jawa. buktine bae ning Belanda ana salah sawijining Universitas kang nyimpen
manustrip-manustrip Jawa kuna kanti rapi. Yaiku Universitas Laiden. Sakliyane
kuwi, pirang-pirang naskah sastra Jawa kontemporer uga bisa ditemoni ana kana.
Ing Universitas iku nglairake
para munsyi ing bidang basa lan sastra Jawa kang kapinterane wis diakui, nganti
dening Indonesia dhewe. Contone yaiku Dr. Theodor Gautier Thomas Pigeaud.
Piyambake kuwi ahli sastra Jawa saka Belanda, kang nglairake kamus bahasa
Jawa-Belanda sing dadi dasar dening W.J.S Poewadarminta dadi Baoesastra Djawa.
Ana maneh tokoh kang wis dikenal masyarakat khususe dening masyarakat
Yogyakarta yaiku Prof. Dr. Petrus Josephus Zoetmulder. Piyambake kuwi pakar
sastra Jawa lan budayawan Indonesia. Saking tresnane marang sastra Jawa
piyambake kuwi wani nggalna status kewarganegaraan Belanda, dadi warga negara
Indonesia. Nalika saka iku, piyambake dikukuhna dadi Guru Besar tetap Fakultas
sastra UGM. Sumber : masdeewee.wordpres.com.
Sing gawe nggumuni maneh, Basa
Jawa ora mung digunakake kanggo komunikasi padinan dening wong Jawa. nanging
uga digunakake kangge basa padinan ana negara-negara gedhe. Kayata Suriname,
Singapura, Malaysia, Belanda, Kaledonia baru.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar