Ana bulus celathu marang kancil, tembunge : “ Aku ora maido,
yen kowe pinunjul ing playu, kang ananging ayo ,padha balapan, sapa kang
ndhisiki tekan wekasaning ara-ara iki.”
Tembung mangkono iku ingatase si
kancil padhane angecemong, ewadene pangajake mau di rasa aneh, mulane
dituruti.
Nuli bulus
enggal miwit lumayu, kancil ngenakake dhedhe, ciptane : “ si gumremet
kareben mempis - mempis, aku wus mesthi ora rekasa bisa
anjujul, aku mencolot ping telu utawa ping pat bae, wus tamtu bisa
nglancangi kewan nglemer kuwi” saya adoh olehku ngaceki aya ndadekake
kocapku.
Ing nalika
samana bulus meh tekan ing wates. Kancil isih sareh ing
sawatara, bareng tumandang arep anjujul , weruh yen meh kasep awit
dening talompene, ewadene isih anduweni pangarep – arep menang sarana
cukating lumpate.
Enggal
lumayu rikate prasasat angin, ananging tanpa gawe, awit bulus wus
ndhisiki tekan wekasaning ara-ara, dadi kancil kalah.
Eliding dongenge mangkene : wong iku
sanajan terang budine, elingana, tuwin titis ing ciptane yen ora
tengginas ing samubarang gawe, mesthi kedhisikan ing liyan, iku kang
amek kauntungane.
Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters
Tegese tembung
:
pinunjul =
linuwih, luwih saka pepadhane
ara-ara = palemahan jembar kang ora ditanduri
ngecemong
= angger ngomong
ewadene = sanadyanta
ngenakake
= ngenak-enak , tumindak sakarepe
dhedhe = kekaring ing panasan
gumremet
= mlaku sing rindhik banget.
nglemer = ora cukat tandang tanduke
kacek = ora padha, beda
talompe = tlompe, randhat, remben
cukat = trengginas, sarwa rikat tandang tanduke.
budi = 1. pikir, nalar 2. golek, ngrekadaya 3.
watak 4. polah arep oncat, ora manut
budi
arda = kekarepam
terang
budine = terang nalare, pinter.
amek = 1. njupuk 2. golek.
Sumber :
http://corojowo.blogspot.com/search/label/08%20DONGENG%20BOCAH
Tidak ada komentar:
Posting Komentar