Geguritan



GEGURITAN

IBU
Dening : WandyoSupriyatno

Ibu...kula nyuwun pangapunten...
Putra mboten saged atur kamulyan...
Putra sekeng...nalika ibu seda 4 taun kepengker!!!
Donga iku kang terus kaucapake...
Nalika aku nyekar ing pasareyane ibu...!
Luh ndlewer...mbrabak mripat iki...
Ngelingi jaman rekasa biyen...!
Aku, bapak, kakang, lan adhiku...mangan sega uleng...!
Dhek jaman semana...nalika pangan dadi barang langka!!
Aku semedhot...ngelngi jaman iku...
Ndlosor...sujud mring Gusti...kebak bekti lan pasrah...
Sinambi sambat...geneyaurip amung kebak kesangsaran!!




PEMUJA RAHASIA
Dening : Shinta Devi

Ora apa-apa kanggoku,
Ora tau krungu swaramu,
Ora tau kokwenehi esemmu,
Ora tau weruh anganmu,
Aku ora apa-apa,
Angger guyumu isih kuwawa nuwuhake sesuketan garing,
Angger esemmu esih nyunari bawana rina wengi,
Angger atimu isih kinemulan setaning lamuk ing tawang,
Aku ora apa-apa,
Senajan jangkahmu ora nuju menyang aku.





  

LUHING KATRESNAN
Dening : Mariyati

Mripatku kembeng-kembeng
Ngampet perih ing netraku
Mendhung petheng dhedhet
Gumandhul ing langit ireng sap pitu,
Luhing katresnan
Ngipatake jiwa kang ringkih
Nganti budhas kebak tatu biru,
Luhing katresnan
Nyiyutake panjangkaku
Njambak praupanku sing abang mbranang
Nggiles tandhes katresnanku,
Luhing katresnan
Nyebul mlendhung rasa gethingku
Nganti mbledhos nuwuhake gandha amis
Tumpleg bleg ngebaki kalbu




WIS ADOH
Dening : Suhindriyo

Wis adoh tlapake,
Awangun sandi ukara
Ukara
Kridha basa

Apa banjur,
Mung pantes dipendhem jero
Ukarane para nujum
Sing ditulis dadi rajah
Semlempit ing longan
Dlika aclum

Wis adoh, kalane
Srengenge nguber imbang pracima
Sing ungub-ungub sikile jaladri
Nggoleki critane Bima Suci
Ing pewayangan, destun


Ana ukara
Tinata tharik urut kacang
Ana lengkehe gunung bebanjengan
Banjur lelagon sesendhonan
Rame gumerah ing plataran jembar
Nalika rembulan coblong
Jagad urip kari sagodhong ganyong


ZIARAH
Dening : Esteanto Gimanasaputra

Sing teka banjur adus waspa
Sinambi titip kembang marang watu nisan
Sawise kuwi lali dina wengi
Pasareyan bali sepi






GURIT
Dening : Esteanto Gimanasaputra

Gula kopi karendhem banyu panas
Ing njero gelas
Mendheg-mendheg
Ora ana sing ngudheg !



KATRESNAN
 
Katresnan iku geguritaning urip sejati
Pepadange sakjroning pepeteng
Biso di gawe nanging ora biso digawe-gawe
Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumindak dudu
Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open
Katresnan iku larang regane ora biso di tuku
Lan di tiru sarana bandha donya lan raja brana
liyane, jalaran toh-tohane Nyawa
Katresnan iku dalan kang tumuju marang bebener
kebak deneng rasa lan pepadhang
lila lan legawa lair tumusing bathin
kaya dene gegodhongan kang googrok saka uwit
ora ngarep-arep bakal baline
melu ngrasakake panandhanging liyan
Katresnan iku ora mbedak-bedakakeh
Cendhek duwuring pangkat
Asor Luhuring Drajat
Lan gegebengane urip kang rinasuk
ananing mung welas lan asih
suka pitulung marang sapa bae
Katresnan iku prayata umur tuuwa, dudu umur dawa
urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran
Sing nguasai pati lan urip





Pahlawanku
(R. Tantiningsih)

Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika




Segara Aru
(Hisyam Z)


Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti

Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan

Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru

Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan

Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku



Valentine
 Tanpa upama bungahe driya
Angles rasa ndika tanggap sasmita
Mangayubagya nugraha dalem awujud tresna
Bengi tanggap warsa iku nimas
Awale laku dak dhodhog kori atimu
Tanpa kedale lesan
Agawe mulak-mulak jaja kadya kinubere
Kawah Candradimuka
Nanging ing prastawa iku esemu nyimpen prajanji
Ili laku kumricike panganti
Nganthi esem teleng ati
 Geter rasa krudha asmara
Tanpa suwala lilin iku luluh
Rikala dina asih tresna
Esem ngujiwat
Sumunar mbirat rasa samudana
Ndika walaka sajrone driya
Andum rasa nggayuh tresna
Mecaki dawane mangsa



PIWELING
                                 
Aku ngugemi ngendikanmu, Ibu
Nalika arep budhal sekolah
Nyangking tas kebak buku
Ngger, jagad iki amba  tebane
Aja cilik ati
Kabes bisa karengkuh
Kanthi gelmu
Ngger , ngendikane pujangga winasis
“Ngelmu  iku, kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas ngantosani
Setiya budya pangekesing  durangkara”
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter nanging
Aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih nanging
Aja sumugih
Dadia petinggi nanging
Aja ngapusi lan korupsi


ANDHIK ALA
                                    
 Wanci surup
Pindha mawa
Bagaskara katon bang mawinga-winga
Binareng tumekaning ratri
Samubarang kudu diayahi kanthi setiti, ngati-ati
Ora kena grusa-grusu
Sing sareh aja kesusu
Mengko mundhak kesuru
Wanci surya angslup
Ana pangkoning ibu pertiwi
Ana janma tan kasat netra
Tarkadhang manjalma
Mula samubarang sing menga
Uga kahanan kang tinarbuka
Enggal diinepna
Kanthi nyenyuwun lan ndedonga
Supaya kabeh diparingi


UJIAN NASIONAL

Pasuryan katon nggembol sanggan kang abot
Padha pucet, ndingkluk
Tumungkul amarikelu
Sajak nduweni sanggan kang maewu-ewu
Telung ndina dipecaki
Suwene kaya sewindu
Rasane kaya dhadha ditujes sewu eri
Perih, linu,lan ngilu
O…. ujian nasional
Kaya ngene abote
Mangka anggonku sinau luwih saka sewu dina
Ning nasibku ditemtokake amung telung ndina
Upama biji rapot bisa kanggo tetimbangan
Mesthine sangganku ora abot temenanan
O… ujian nasional
Aku pasrah amarga sistem isih feodal


Tidak ada komentar:

Posting Komentar