Anggitan : KGPAA Mangkunagara VII
1.
Jejer ing negari Dwarawati. Sang
Nata miyos tinangkil aneng sitinggil binatarata. Para wadya pepak ingkang
sumiwi, munggwing ngarsa putra R Samba, santana R Wresniwira tuwin patih Udawa.
Ingkang rinembag : Srinata sanget
oneng dhateng para ari Pandhawa. Kasaru dhatengipun R Nakula, lajeng tumameng
ngarsa. Sasampunipun lenggah satata , dinangu matur lamun dinuta ingkang raka
nata Pandhawa, Prabu Yudhistira ngaturaken sembah pangabekti. Ingkang kaping
kalih ngaturi pariksa menawi ing praja Amarta badhe kedhatengan mengsah saking
Selaprewata, Maharaja Dermabirawa. Srinata Dwarawati kaaturan rawuh , bibaran
tinangkil. Srinata arsa tindak lajeng jengkar kondur ngedhaton .
2.
Madeg ing Gupit Mandragini. Sang
Padniwara tetiga, Dewi Jembawati miyos ing pananggap prabasuyasa, kaleres
ler-wetan ingadhep dening Dewi Rukmini tuwin Dewi Setyaboma, sami amariksani
bedhaya sarimpi ngiras pantes angentosi konduripun srinata. Ingkang rinembag
kawontenanipun ing pasewakan. Srinata lajeng kondur angedhaton, lajeng lenggah
satata. Srinata lajeng tindak dhateng ing pambojanan. Sasampunipun rampung
bojana, srinata ngrasuk busana kaprajuritan lejeng tindak anurut kukusing dupa,
andedel ngayuh ing gegana.
3.
Madeg ing Paseban Jawi. R Nakula, R
Samba, Wresniwira, Patih Udawa. Rembag siyaga ing dedamel. Rekyana Patih Udawa
ngundangi para wadya, sasampinipun samekta lajeng bidhal kapalan, sami nusul
tindake Srinata.
4.
Madeg ing negari Selaprewata. Parbu
Dermabirawa miyos siniwi ing wadyabala. Ingkang munggwing ngarsa ingkang rayi ing
Kadipaten R Jayabirawa. Ingkang rinembag negari Amarta badhe pinukul prang
rumyin, ingkang minangka senapatining ngayuda R Jayabirawa tuwin Bogabirawa.
Sasampunipun wineling, ari kalih lajeng sami lumengser saking ngarsa, srinata
angadhaton.
5.
Madeg ing Paseban Jawi. R
Jayabirawa, R Bogabirawa tuwin para punggawa ditya. Ingkang rinembag : denira
arsa dhumateng Tanah Jawi nedya mukul prang ing Amarta. Lajeng angundangi para
wadya ditya, sasampuning samapta lajeng bidhalan.
6.
Madeg ing wukir Ratawu. Sang Resi
Abiyasa miyos ing pacrabakan, katamuwan ingkang wayah R Janaka tuwin repatira
tetiga ingkang andherek. Rembag R Janaka ingutus ingkang raka Srinata ing
Amarta Prabu Yudhisthira ngaturaken pangabekti tuwin ngaturaken uninga bilih
praja Amarta badhe kedhatengan mengsah saking Selaprewata. Sang Resi dhawuh
saliring kasujanan. R Janaka lajeng pamit wangsul, linilan. Parepat tiga Kyai
Semar, Nalagareng, Petruk sami andherek. Lampahipun dumugi ing marga kakapag
barisan danawa saking Selaprewata . Pasulayaning rembag dados prang, rota
danawa ingkang ageng sami pejah. Sadaya ingkang alit sami lumajeng
sapurug-purug. R Janaka lajeng malebet ing wana kendel ing sangandhaping
mandera angasokaken sarira. Ing ngriku senapatining yuda R Jayabirawa ingkang
munggeng gegana, sumerep para wadyanipun pancakara kathah ingkang tiwas
sanalika boten mawi taken, R Janaka binekta ing gegana inguncalaken.
Dereng dumugi , tinampen R Bogabirawa. R Janaka cinempala,
lajeng binucal dhawah ing siti, kantaka. Wungu saking kantaka, amusthi Pasopati.
Sigra linepasaken angenani mengsah kekalih, sami sirna boten katingalan. Amung
sasirnaning mengsah , wonten suwara kapiyarsa. Ing gegana gumaludhug , mendhung
peteng lelimengan. Boten dangu ing gegana lajeng padhang. R Janaka boten sakeca
ing galih, lajeng lampahipun angiring parepat tiga, Kyai Semar Nalagareng
Petruk.
7.
Madeg ing ara-ara Gendhaga.
Ratuning satowana awarni dwipangga nama Gajahbirawa, patih warni singa anama
Singaloba, wadyabala buron wana. Rembag : mireng pawartos bilih sang Nata ing Selaprewata
Prabu Dermabirawa nglurug
dhateng nagari Amarta, punika raja dwipangga nedya mbiyantu, awit ing ara-ara
Gendhaga taksih kabawah ing Selaprewata. Sasampuning siyaga, buron wana sadaya
lajeng bidhalan.
8.
Madeg ing nagari Amarta. Prabu
Yudhisthira miyos siniwi, mungging pandhapa ageng. Ingkang mungging ngarsa
kadang nata R Arya Werkodara, R Arya Nakula, R Arya Sadewa. Ingkang rinembag
anggenipun praja Amarta badhe kancikan mengsah, sanget denira angarsa-arsa
ingkang rayi R Dananjaya denira dinuta ngaturi pariksa ingkang Eyang Resi
Abiyasa ing patapan Wukir Ratawu. Dereng watawis dangu, rawuhipun Srinata ing
Dwarawati Prabu Kresna, lajeng lenggah satata. Sasampuning lenggah satata Sri
Yudhisthira, R Dananjaya matur sasolahira dinuta, miwiti dumugining wekasan
sadaya. Dhawuhipun Sri Kresna lajeng pinurih siyaga ing yuda sarta lajeng
ambidhalaken wadyabala ing Amarta. Wadyabala ing Dwarawati sadaya anjagi
sajawining kitha, R Arya Dananjaya dadya cucuking lampah, R Arya Werkodara
mungging wuri sawadyanira kanthi putra R Arya Gathutkaca.
9.
Madeg ing negari Selaprewata. Prabu
Dermabirawa nuju miyos ing pandhapi agung, siniwi para wadyabala. Ingkang
mungging ngarsa Arya Birawa. Ingkang rinembag : Srinata angarsa-arsa ingkang
rayi ing kadipaten R Arya Jayabirawa, tuwin R Arya Bogabirawa denira dinuta
ngrumiyini ngepang praja Amarta. Punika sang Nata ing galih sampun karaos
sumelang dene wantu-wantu sasmitaning jawata ing alun-alun katingal dhedhet
pedhut lelimengan. Sasirnaning pedhut pancawora tarik, sagunging kayon sami
sol, ringin kurung rungkat kekalihira. Sireping pancawora mambet ganda, ing
ngriku Sang Prabu sampun anyana tiwasing ari kekalih. Boten dangu dhatengipun
wulucumbu ingkang kinanthekaken dados panganjuring lampah para barisaning wadya
ditya nama Kyai Togog tuwin Sarawita.
Sasampunira mangarsa , dinangu matur tiwasing margi dereng
ngantos dumugi ing nagari Amarta para punggawa ditya sami pejah dening satriya
Madukara R Janaka. Wadya alit bibar sapurug-purug, kapara ingkang rayi R
Jayabirawa nalabung prang tuwin R Bogabirawa. Langkung rame prangira lawan
satriya Madukara, wasana R Jayabirawa tuwin ingkang rayi R Bogabirawa sirna
kapanduk ing warastra, kawon lajeng musna boten katingal. Srinata titi pamiyarsanira
sakalangkung duka yayah sinipi, amung anganta-anta satriya Madukara. Wasana
lajeng dahwuh dhumateng patihira pinurih amepak wadyabala sadaya siyaga
dedameling prang. Srinata sedhiya nyarirani piyambak rawuh ing Amarta.
Sasampuning samapta lajeng bidhal wadyabalanira.
10.
Madeg ing pasanggrahan wates praja
Amarta. Prabu Bathara Kresna , Prabu Puntadewa, R Arya Wrekodara, R Arya
Dananjaya, R Arya Nakula, R Arya Sadewa tuwin para putra pepak sumiweng ngarsa.
Ingkang rinembag: denira arsa nata gelaring prang. Kasaru Rekyana Patih
Tambakgangga sowan mangarsa atur pariksa dhatenging mengsah saking Selaprewata.
R Arya Wrekodara, R Arya Dananjaya tuwin para putra sami mijil ing njawi. R
Danajaya majeng prang mapag yudanipun Prabu Dermabirawa,. Langkung rame
mijilaken pengabaran. Dangu boten wonten ingkang kasoran, R Arya Wrekodara
majeng analabung prang. Prabu Dermabirawa kenging kacepeng binanting nulya
binucal tebih, dhawah ing siti ngadeg sesumbar. Lajeng malih warni pindha
Arjuna, prang rame sami warni Arjuna. Kang pindha Arjuna kenging kacepeng
dening sang Arjuna, binanting lajeng binucal dhawah siti. R Arya Gathutkaca
lajeng anyandhak dhateng kang pindha Arjuna, ingidak-idak binucal tebih.
Satanginipun, malih warni pindha Gathutkaca, prang sami gegana. Sang pindha
Gathutkaca kenging binucal dhawah ing siti tinampen R Arya Wrekodara
ingidak-idak binucal. Sanalika santun warni pindha Werkodara, lajeng dadya
prang kembar ing warna lawan R Arya Werkodara langkung rame, ngantos sami
ngasta gada Rujakpolo. Para kadang sami kawekan ing galih mirsa solahing
payudan. Sri Kresna lajeng tanggap animbali kadang waruju Pandhawa R Arya
Nakula, R Arya Sadewa sami sowan mangarsa. Dhinawuhan sowan dhateng ingkang uwa
Narpati Salya, nata ing Mandaraka ngaturi pariksa kawontenanipun ing payudan
tuwin kautus nyuwun usada boten ketang warni toya satetes tuwin ron salembar
janji saking ingkang uwa Prabu Salya punika lajeng kenging kangge sarana ing
payudan. Raden kekalih lajeng pangkat gegancangan. Sigeg.
11.
Madeg ing nagari Mandraka. Prabu
Salya pinuju gerah benter sanalika lumpuh sadaya, tinengga sang Prameswari Dewi
Setyawati tuwin para putra Dewi Erawati, Dewi Surtikanthi, R Arya Rukmarata.
Sami muwun dene gerahipun ingkang rama Nata sangsaya ngranuhi. Kasaru dhatengipun
R Arya Nakula , R Arya Sadewa lajeng tumameng pura. Sasampuning lenggah raden
kekalih wau sami amuwun angres sesambatipun. Dene ingkang uwa gerah sawatawis
dangu boten mireng sarta ningali risaking sarira. Ing ngriku Prabu Salya kersa
ngandika andangu, pulunan kekalih matur bilih dinuta kang raka Prabu Kresna
tuwin Prabu Yudhisthira ngaturaken purwa madya wasananing payudan tuwin nuwun
sarana. Ing ngriku sadangunira sareyan Prabu Salya sareng mireng aturira
pulunan kekalih, lajeng gumregah wungu. Sarira katingal entheng nedya tindak
ing palagan, pinambeng boten kenging. Lajeng pangkat boten karsa anitih amung
tindak dharat binayang-bayang para putra kairing Patih Tuhayata para wadyanira
sawatawis. Ciptaning driya rehning trahing prajurit katimbang pejah denira
roga, aluwung sirna wonten palagan.
12.
Madeg ing pasanggrahan paprangan.
Prabu Kresna, Prabu Puntadewa. Rembag sami emeng ing panggalih, dene denira
prang kang rayi R Arya Wrekodara maksih dedreg dereng sami kasoran. Kasaru
rawuhira Prabu Salya binayang-bayang. Nata kekalih gurawalan methuk.
Sasampunira lenggah satata srinata kekalih matur punapa ingkang dados raosing
gerahipun benter, salira cape sadaya. Nanging kedah paripeksa ing payudan,
ciptaning wardaya tinimbang seda jalaran sakit aluwung majenga ing rana. Para
putra pinurih ambayang, lajeng linaksanan dumugi samadyaning rana. Para putra
pinurih sumingkir tebih, Sri Salya lenggah sarwi gumeter ngasta warastra
pinenthang. Ing ngriku katingal kang lagya yuda R Wrekodara kaliyan mengsah
kembaring warna. Sri Salya waspada ningali, lajeng anglepasaken jemparing.
Menggah kang pindha Arya Wrekodara kenging warastra jajanira dhawah kantaka ing
bantala, babar warni Prabu Dermabirawa. R Arya Wrekodara dipunawe kang raka
Prabu Kresna, lajeng mundur ing payudan. Linipur, racuta kanepsonira. Prabu
Dermabirawa lajeng sesumbar nyelaki mengsah, dupi tumingal Sri Salya langkung
gawoking driya dene mengsah sampun jompo sarwi barangkangan. Ing ngriku Sri
Salya sesumbar memanas driyaning mengsah. Prabu Dermabirawa nyelak sarwi duka,
Sri Salya dinugang. Sukunira Prabu Dermabirawa cinandhak binanting kanteb,
lajeng binucal tebih dhawah kalenggah. Wunguning kantaka, angadekaken
pangaribawa warni-warni. Sri Salya boten kengguh , dangu-dangu Prabu
Dermabirawa ngalumpruk tanpa bayu, sirna karosanira lajeng luluh. Sarira murca
katingal dados rare alit sarwi celak Prabu Salya.
Ing ngriku Prabu Salya boten
pangling bilih punika Candhabirawa, lajeng pinurih buntun manjinga dhateng
garbanipun Sri Salya binolehan tembung manuhara. Boten dangu rawuhira Sri
Kresna, Prabu Puntadewa. Srinata kekalih tumut angreripih dhateng Candhabirawa.
Candhabirawa mangsuli purun wangsul dhateng guwagarbanipun Sri Salya, nanging
benjing Bratayuda lajeng kapapaga Prabu Puntadewa. Awit punika titising kang
rama Bagawan Bagaspati rumiyin. Prabu Puntadewa nyagahi, Candhabirawa lajeng
manjing guwagarbanipun Prabu Salya, saksana Prabu Salya waluya kadi ing nguni.
Lajeng sami masanggrahan, kasaru dhatengipun buron soroh amuk, pinapag R Arya
Wrekodara tuwin R Arya Gathutkaca, prang sampak. Madeg ing pasanggrahan. Prabu
Salya, Prabu Kresna, Prabu Puntadewa, ndhatengi pun kang mentas ungguling yuda.
Lajeng sami bojana andrawina.
Tancep kayon.
Sumber :
http://corojowo.blogspot.com/search/label/15%20LAKON%20WAYANG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar