Anggitan : Sri Pakubuwana IV
12.
Yen wong anom puniku,
kakehan panggunggung dadi kumprung,
pengung bingung wekasane pan angoling,
yen den gunggung muncu-muncu,
kaya wudun meh mecothot.
(Yen wong anom iku yen kakehan panggunggung malah dadi
bodho bisa-bisa owah pikire. Yen dialem banjur methentheng kaya wudun arep
njebrot)
Tegese tembung :
Nggunggung = ngalem
sing keladuk, ngompak, ngonggrong.
Kumprung = bodho
banget.
Pengung = 1.
(kw) suwung, kothong 2. bodho banget.
Angoling =
jempalikan, owah pikire.
13.
Ing wong kang padha nggunggung,
pan sepele iku pamrihipun,
mung warege wadhuk kalimising lathi,
lan telesing gondhangipun,
reruba alaning uwong.
(Wong sing padha nggunggung pamrihe mung wareg wetenge lan
telese gondhange, kanthi ngala-ala marang liyan)
Tegese tembung :
Gondhang = telak, gorokan.
Keyong gondhang =
keyong gedhe
Pitik gondhang =
babon ulese kuning rada klawu.
Gondhang-gandhung =
pit
Gondhang kasih =
anak loro siji kuning sijine ireng
Reruba =
1. paweweh kanggo golek pamrih 2. besel.
14.
Amrih pareka iku,
yen wus kanggep nuli gawe umuk,
pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tampa pisungsung,
adol sanggup sakehing wong.
(Supaya cedhak , yen wis dipercaya banjur umuk yen wong
akeh satemene padha wedi, banjur adol sanggup marang sakehing wong)
Tegese tembung :
Pan =
1. jer 2. rak 3. ananging.
Adol sanggup =
nyanggupi
15.
Yen wong mangkono iku,
Nora pantes cedhak mring agung,
Nora wurung nuntun mring panggawe juti,
Nanging ana pantesipun,
Wong mangkono didhedheplok.
(Wong mangkono ora pantes cedhak karo wong agung, jalaran
tan wurunga mesthi ajak-ajak marang panggawe ala. Wong kaya mangkono iku
pantese didheplok)
Tegese tembung :
Juti = ala, piala
16.
Aja kakehan sanggup,
Durung weruh tuture angupruk,
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
Pangrasane keh wong nggunggung,
Kang wus weruh amalengos.
(Aja kakehan sanggup, during weruh bae omongane wis
ngethuprus. Omong jarene kaya-kaya wis ngerti dhewe. Rumangsane akeh wong
ngalem, nanging sing wis weruh sejatine banjur mlengos)
Tegese tembung :
Angupruk =
ngethupruk
Nempil = 1.
tuku sathithik 2. melu nunut.
17.
Aja nganggo sireku,
Kalakuan kang mangkono iku,
Datan wurung tinitenan den cireni,
Mring pawong sanak sadulur,
Nora nana kang pitados.
(Kowe aja nganggo kalakuwan sing kaya mangkono, ora wurung
dicireni marang sanak sadulur, wusanane ora ana sing percaya).
Tegese tembung :
Datan =
tan, ora
Pawong =
wong
Pitados =
pitaya, percaya.
Sumber :
http://corojowo.blogspot.com/search/label/Adigang%20adigung%20adiguna