Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung
wujud panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe
nggrantes, perih utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa
apa dene tengen, kasuntak byah bebasan megung ing bumi. Kosok baline
kalamangsane pinaringan rejeki utawa kabungahan kang mbanyu mili, wus jamake
girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing kahanan alam donya iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga
ana kang nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening kang
hakarya jagat. Dhokter umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake
lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya.
Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane
Pangeran kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT.
Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat
belas taun. Ing semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi
kaantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku.
Setaun yen anane dina 365, wus bisa kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake
lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing semono taun iku, kalamangsane
katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul memantenan, amarga
durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga nora
luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng
nganti wujud prahara bebasan katerak angin lesus.
Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon
kaya-kayane aku lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala
senadyan rampung rada sauntara, aku kasil lulus kanthi titel sarjana S1. Apa
maneh sisihanku luwih komplet, anggone klumpuk-klumpuk kulakan titel, S1, akta
IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas anggone tumandang
samubarange tansah cukat. Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang
awake dhewe, nanging ya rada mrina yen diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon
kang cukup, lumrahe nora kabingungan menawa ngadhepi urip. Ananging kasunyatane
urip mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro gunggunge papat. Urip
sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora kena
katebak babagan pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih
pinaringan bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung,
niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan
ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut. Byuh… mbuncah
anggonku nampa bebungah, byuh… makcles garinging telak katetes banyu
saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake
kabungahan atiku sakloron. ”Harus istirahat total ya, bed rest…!” ngendikane
dhokter, banget anggone wanti-wanti.
”Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter…” rebutan anggonku sumaur.
Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge
bojoku. Emas gedhe kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti
tumekaning ngeremake netra. Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi
ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal
ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke…?”
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake…
manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake,
mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu
diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake sih katresnan.
Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya
tambah cedhak pangantu-antuning pepinginan momong anak bakal kelakon.
”Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi
caesar wae ya, amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis
sepuh, sing pengalamane wis akeh ya Mas…,” panjaluke bojoku.
”Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut,” cekake sarwa iya, sarwa manut.
Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni
dina-dinaku. Apa maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku
wus padha katon bungahe, anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.
Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara
tanggal 25 Maret. Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi
caesar, dhokter mertikelake bisa kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret.
Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11 Maret. Mula wiwit mlebu sasi
kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu
sepisan sanja priksa dhokter. Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan
dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning
kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam
lima bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku
siap-siap, jam enem sida budhal menyang ndhokteran. Jam pitu tumeka ing
ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek jantung. Asile kabeh normal
apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran cek darah
karo jantung rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter
kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo
bojoku tinimbalan mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat
di USG,” dhoktere ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan
kandhungan. Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh,
sawise rata banjur ditutul-tutul nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
”Lho kok tidak ada denyut jantung…” Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet
adhem wiwit tumetes.
Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, ”Bayinya meninggal…!”
Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng
ndhedhet… lelimengan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar