“Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi
wae ngerti ana angkringan nang papan kene?”. Paimin sing lagi ndingkluk
ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging thenguk-thenguk
nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana
pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.
“Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”
“Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,”
pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.
“Masak piyambak, Pak.”
“Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi
ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.”
“Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget
ndadosake kathah tiyang jajan mriki.”
“Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
“Kula, Paimin, Pak.”
“Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan
cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing
cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane
ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan
kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh
mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti
umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa
arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi
mau cerita akeh-akeh karo guyonan.
Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi
lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.
“Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare
dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?”
“Ha ha ha ha,” bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.
“Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane
simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,” wangsulane
bapake.
“ Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak
jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke
sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye,
saguh ora?”
“Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”
“ Ha ha ha ha,” bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.
“Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”
“Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut
Bapak!”
“Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.”
Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur
aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin,
Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan.
Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik
lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan
kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting
kena dienggo ngatur rambute.
Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha
tuku ora semaput mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni,
panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene.
Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha
tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang angkringan
iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa
katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir.
Menawa wis kebacut mampir kapok.
Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin
mbuktekake panglarise bapake uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep
dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing
katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong
dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siap dienggo mengko
sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.
Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan.
Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae, merga saya akeh
kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh sing
payu. Paimin mesem.
Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng.
Sajak nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi
mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone
Paimin nyandhang. “Sampeyan bakul nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku
ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No,” karo noleh
kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep
wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana
dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke
sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.
“Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang
kaya sampeyan niku. Resik, apik.”
Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi
panglaris saking Pak niku tho pak,” Paimin karo ngarahke dagune marang bapake
sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae. Kancane sing pitakonan karo
Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang bapake karo nepuk-nepuk
pundhake.
Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh,
dheweke nyedhaki Paiman. “Apik mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak
kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing sepisan niku.” Bapak kuwi mau
banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir,
mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.
Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik.
Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung
lunga nyusul kanca-kancane. ”Eh mas, natane sing apik,” Wis karo mlaku, bapake
isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik kuwi mau
dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening Paimin. Sesuke,
angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik.
Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo
kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng
banget. Dodolane mesti cepet enthek.
Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. “Mas, Min, iki sesuk
angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas
Min pindah wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo
nduduhi panggon sing dikarepake. “Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk,
menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan
sapa-sapa sing tuku nang kene.” Bapake njelaske karepe marang Paimin.
Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora
langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin…, dudu, dudu ngajak rembukan.
Wong sing dingendikaake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin,
dheweke ya ngrungokake, malah bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane.
Wong loro padha omong-omongan nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas
Min, kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing
tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi.
Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke.
Diugemi terus, saklawase bebakulan,” pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk
sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.
“Terus kapan kula nampi panglarise, Pak?” pitakone Paimin.
Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel.
Nanging banjur bapake ngedika,” Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku
mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci bebakulan.”