Senin, 30 Juni 2014

Tradisi Grebeg Maulud Keraton Yogyakarta

Kawasan Alun-alun Yogyakarta kembali dipadati oleh ratusan bahkan ribuan orang yang ingin menyaksikan acara Tradisi Grebeg Maulud Keraton Yogyakarta 2014 kemarin (14/1) yang telah rutin diadakan. Sebuah acara peringatan yang sarat dengan makna spiritualitas dan budaya luhur.
Menurut sejarahnya Grebeg Maulud yang sekarang dirayakan oleh Kasultanan Yogyakarta Hadiningrat merupakan bentuk yang sama pada masa Kerajaan Islam Demak sebelum Kerajaan Mataram Islam atau yang kita kenal sebagai Kasultanan Yogyakarta sekarang. Grebeg Maulud ini dahulunya bernama Grebeg Besar (grebeg agung) karena dilaksanakan secara meriah oleh para wali khususnya Sunan Kalijaga pada masa Kerajaan Demak. Sebelum Kerajaan Demak mengadakan grebeg besar ini rupanya ini adalah budaya yang terserap dari Kerajaan Majapahit, dimana pada masa Brawijaya V dinamakan upacara Sradha yang meriah. Setelah Kerajaan Majapahit runtuh dan digantikan masa Islam dimana Kerajaan Demak berdiri maka seluruh pusaka mili Prabu Brawijawa V di boyong ke kerajaan tersebut, termasuk diantaranya adalah seperangkat gamelan yang disebut Gamelan Kyai Sekar Delima. Kemudia dari upacara Sradha di ganti dengan kata Grebeg diambil dari kata gemuruh yang dalam bahasa jawa adalah anggerabeg.
Maka dari itu tradisi yang sampai saat ini dilestarikan oleh Keraton Yogyakarta bernama Grebeg Maulud karena selain diadakan secara besar-besar juga memperingati Mualid Nabi Muhammad SAW. Moment ini adalah bentuk rasa kecintaan Raja dalam hal ini Sri Sultan HB X kepada rakyatnya dalam bentuk memberikan sejumlah gunungan. Gunungan ini nantinya akan di bagikan di beberapa titi di sejumalah tempat antara lain Alun-alun Utara, mesjid Agung Gedhe Kauman, serta Bangsal Kepatihan (DPRD Yogyakarta).
Semua orang dari berbagai daerah berkumpul disekitar alun-alun utara dan Keraton Yogyakarta, tujuan mereka hanya satu ialah memperebutkan gunungan yang akan keluar hari ini, Selasa (14/1). Terlihat 6 gunungan yang terdiri dari hasil bumi serta gunungan yang berisi ketan kering keluar dari Keraton Yogyakarta sekitar pukul 10.00 WIB. Nantinya setelah di do’akan warga akan memperebutkan hasil bumi tersebut sebagai berkah dari Gusti Allah yang di wakilkan raja.


Memang antusiasme warga dari tahun ketahun tidak surut meskipun telah dilaksakan puluhan kali. Warga yang datang hanya mempunyai satu tujuan ialah ngalap berkah dari apa yang di dapatkan dari gunungan tersebut. Nyatanya momen ini merupakan momen yang sangat di tunggu bukan hanya masyarakat Yogyakarta namun dari luar DI. Yogyakarta. Inilah momen dimana budaya kerajaan Mataram Islam yang sekarang bernama Keraton Yogyakarta melestarikan sedekah dari raja (Sri Sultan) kepada rakyatnya.(Hanung)

Sumber :
www.teraswarta.com

Selasa, 17 Juni 2014

Masjid Saka Tunggal, Cikakak, Wangon

Masjid Saka Tunggal terletak di desa Cikakak kecamatan Wangon, Kabupaten Banyumas, provinsi Jawa Tengah atau 30 KM kearah barat dari kota Purwokerto . Masjid ini dibangun pada tahun 1288 seperti yang tertulis pada Saka Guru (Tiang Utama) masjid ini. Namun, tahun pembuatan masjid ini lebih jelas tertulis pada kitab-kitab yang ditinggalkan pendiri masjid ini, yaitu Kyai Mustolih. Tetapi kitab-kitab tersebut telah hilang bertahun-tahun yang lalu.

Nama resmi masjid ini adalah masjid Saka Tunggal Baitussalam,  tapi lebih populer dengan nama masjid saka tunggal karena memang Masjid ini hanya mempunyai saka tunggal (tiang penyangga tunggal). Sakatunggal yang berada di tengah bangunan utama masjid, saka dengan empat sayap ditengahnya yang akan nampak seperti sebuah totem, bagian bawah dari saka itu dilindungi dengan kaca guna melindungi bagian yang terdapat tulisan tahun pendirian masjid tersebut.


Masjid saka tunggal berukuran 12 x 18 meter ini menjadi satu satunya masjid di pulau Jawa yang dibangun jauh sebelum era Wali Sembilan (Wali Songo) yang hidup sekitar abad 15-16M. Sedangkan masjid ini didirikan tahun 1288 M, 2 abad sebelum Wali Songo. Sekaligus menjadikan Masjid Saka Tunggal Baitussalam sebagai Masjid Tertua di Indonesia.

Lokasi
Ditengah suasana pedesaan Jawa yang begitu kental Suasana pedesaan sangat kental. Di kawasan masjid yang dipenuhi dengan kera-kera yang berkeliaran bebas. Bangunan masjid juga sangat unik, beratapkan ijuk serta sebagian dindingnya dari anyaman bambu.

IBU (1)

Rini Tri Puspohardini
Dalam Buku Kudung Saka Bandungan

Ibu,
iki parak esuk
bangbang sumirat jingga
wis wancine wekel makarya
coba pirsanana
piring dhepyah uwuh mblasah
njaluk gawemu dina iki

apa ta endah impenmu wektu iki
rentangan gelang kalung lan peniti
utawa Hongkong Paris lan Itali?

ibu,
putra wayah wis gumregah
ngolah kebon tegal sawah
geneya sliramu katrem ing donyaning sinanjung?

ibu,
ayo enggal wunga
aja angler

kaya tledhek nembe wuru

Rabu, 11 Desember 2013

Serat Wulangreh Gambuh

Anggitan : Sri Pakubuwana IV

12.
Yen wong anom puniku,
kakehan panggunggung dadi kumprung,
pengung bingung wekasane pan angoling,
yen den gunggung muncu-muncu,
kaya wudun meh mecothot.

(Yen wong anom iku yen kakehan panggunggung malah dadi bodho bisa-bisa owah pikire. Yen dialem banjur methentheng kaya wudun arep njebrot)

Tegese tembung :
Nggunggung   = ngalem sing keladuk, ngompak, ngonggrong.
Kumprung       = bodho banget.
Pengung          = 1. (kw) suwung, kothong 2. bodho banget.
Angoling         = jempalikan, owah pikire.

13.
Ing wong kang padha nggunggung,
pan sepele iku pamrihipun,
mung warege wadhuk kalimising lathi,
lan telesing gondhangipun,
reruba alaning uwong.

(Wong sing padha nggunggung pamrihe mung wareg wetenge lan telese gondhange, kanthi ngala-ala marang liyan)

Tegese tembung :
Gondhang                  = telak, gorokan.
Keyong gondhang      = keyong gedhe
Pitik gondhang           = babon ulese kuning rada klawu.
Gondhang-gandhung  = pit
Gondhang kasih         = anak loro siji kuning sijine ireng
Reruba                      = 1. paweweh kanggo golek pamrih 2. besel.

14.
Amrih pareka iku,
yen wus kanggep nuli gawe umuk,
pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tampa pisungsung,
adol sanggup sakehing wong.

(Supaya cedhak , yen wis dipercaya banjur umuk yen wong akeh satemene padha wedi, banjur adol sanggup marang sakehing wong)

Tegese tembung :
Pan                 = 1. jer 2. rak 3. ananging.
Adol sanggup  = nyanggupi

15.
Yen wong mangkono iku,
Nora pantes cedhak mring agung,
Nora wurung nuntun mring panggawe juti,
Nanging ana pantesipun,
Wong mangkono didhedheplok.

(Wong mangkono ora pantes cedhak karo wong agung, jalaran tan wurunga mesthi ajak-ajak marang panggawe ala. Wong kaya mangkono iku pantese didheplok)

Tegese tembung :
Juti      = ala, piala

16.
Aja kakehan sanggup,
Durung weruh tuture angupruk,
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
Pangrasane keh wong nggunggung,
Kang wus weruh amalengos.

(Aja kakehan sanggup, during weruh bae omongane wis ngethuprus. Omong jarene kaya-kaya wis ngerti dhewe. Rumangsane akeh wong ngalem, nanging sing wis weruh sejatine banjur mlengos)

Tegese tembung :
Angupruk        = ngethupruk
Nempil            = 1. tuku sathithik 2. melu nunut.

17.
Aja nganggo sireku,
Kalakuan kang mangkono iku,
Datan wurung tinitenan den cireni,
Mring pawong sanak sadulur,
Nora nana kang pitados.

(Kowe aja nganggo kalakuwan sing kaya mangkono, ora wurung dicireni marang sanak sadulur, wusanane ora ana sing percaya).

Tegese tembung :
Datan              = tan, ora
Pawong           = wong
Pitados            = pitaya, percaya.

Sumber :
http://corojowo.blogspot.com/search/label/Adigang%20adigung%20adiguna

 Anggitan : Sri Pakubuwana IV

12.
Yen wong anom puniku,
kakehan panggunggung dadi kumprung,
pengung bingung wekasane pan angoling,
yen den gunggung muncu-muncu,
kaya wudun meh mecothot.

(Yen wong anom iku yen kakehan panggunggung malah dadi bodho bisa-bisa owah pikire. Yen dialem banjur methentheng kaya wudun arep njebrot)

Tegese tembung :
Nggunggung   = ngalem sing keladuk, ngompak, ngonggrong.
Kumprung      = bodho banget.
Pengung         = 1. (kw) suwung, kothong 2. bodho banget.
Angoling        = jempalikan, owah pikire.

13.
Ing wong kang padha nggunggung,
pan sepele iku pamrihipun,
mung warege wadhuk kalimising lathi,
lan telesing gondhangipun,
reruba alaning uwong.

(Wong sing padha nggunggung pamrihe mung wareg wetenge lan telese gondhange, kanthi ngala-ala marang liyan)

Tegese tembung :
Gondhang                  = telak, gorokan.
Keyong gondhang      = keyong gedhe
Pitik gondhang           = babon ulese kuning rada klawu.
Gondhang-gandhung  = pit
Gondhang kasih         = anak loro siji kuning sijine ireng
Reruba                       = 1. paweweh kanggo golek pamrih 2. besel.

14.
Amrih pareka iku,
yen wus kanggep nuli gawe umuk,
pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tampa pisungsung,
adol sanggup sakehing wong.

(Supaya cedhak , yen wis dipercaya banjur umuk yen wong akeh satemene padha wedi, banjur adol sanggup marang sakehing wong)

Tegese tembung :
Pan                 = 1. jer 2. rak 3. ananging.
Adol sanggup  = nyanggupi

15.
Yen wong mangkono iku,
Nora pantes cedhak mring agung,
Nora wurung nuntun mring panggawe juti,
Nanging ana pantesipun,
Wong mangkono didhedheplok.

(Wong mangkono ora pantes cedhak karo wong agung, jalaran tan wurunga mesthi ajak-ajak marang panggawe ala. Wong kaya mangkono iku pantese didheplok)

Tegese tembung :
Juti      = ala, piala

16.
Aja kakehan sanggup,
Durung weruh tuture angupruk,
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
Pangrasane keh wong nggunggung,
Kang wus weruh amalengos.

(Aja kakehan sanggup, during weruh bae omongane wis ngethuprus. Omong jarene kaya-kaya wis ngerti dhewe. Rumangsane akeh wong ngalem, nanging sing wis weruh sejatine banjur mlengos)

Tegese tembung :
Angupruk        = ngethupruk
Nempil            = 1. tuku sathithik 2. melu nunut.

17.
Aja nganggo sireku,
Kalakuan kang mangkono iku,
Datan wurung tinitenan den cireni,
Mring pawong sanak sadulur,
Nora nana kang pitados.

(Kowe aja nganggo kalakuwan sing kaya mangkono, ora wurung dicireni marang sanak sadulur, wusanane ora ana sing percaya).

Tegese tembung :
Datan              = tan, ora
Pawong           = wong
Pitados            = pitaya, percaya.

Sumber :
http://corojowo.blogspot.com/search/label/Adigang%20adigung%20adiguna

Purwakanthi

Purwakanthi yaiku swara kang runtut.  Purwakanthi kaperang dadi 3:
1.      Purwakanthi Guru Swara : Suarane dibolan-baleni
Tuladha :
Ana awan ana pangan
Becik ketitik ala ketara
Thenguk-thenguk nemu gethuk
Inggah-inggih ora kepanggih

2.      Purwakanthi Guru Sastra : Aksarane dibolan-baleni
Tuladha :
Bibit, Bobot, Bebet
Sapa salah, bakal seleh
Sluman, slumun, slamet
Tatag, teteg bakal tutug

3.      Purwakanthi Lumaksita: Tembung sing keri dibaleni ing frase mburine
Tuladha :
Asung bekti, bektine kawula marang gusti
Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik
Mangan ati, atine sing kelara-lara
Raja putra, putrane dalem Astina

Sumber :
http://corojowo.blogspot.com/search/label/2010%2F2011


Candrabirawa

Anggitan : KGPAA Mangkunagara VII
  
1.
Jejer ing negari Dwarawati. Sang Nata miyos tinangkil aneng sitinggil binatarata. Para wadya pepak ingkang sumiwi, munggwing ngarsa putra R Samba, santana R Wresniwira tuwin patih Udawa.
Ingkang rinembag : Srinata sanget oneng dhateng para ari Pandhawa. Kasaru dhatengipun R Nakula, lajeng tumameng ngarsa. Sasampunipun lenggah satata , dinangu matur lamun dinuta ingkang raka nata Pandhawa, Prabu Yudhistira ngaturaken sembah pangabekti. Ingkang kaping kalih ngaturi pariksa menawi ing praja Amarta badhe kedhatengan mengsah saking Selaprewata, Maharaja Dermabirawa. Srinata Dwarawati kaaturan rawuh , bibaran tinangkil. Srinata arsa tindak lajeng jengkar kondur ngedhaton .

2.
Madeg ing Gupit Mandragini. Sang Padniwara tetiga, Dewi Jembawati miyos ing pananggap prabasuyasa, kaleres ler-wetan ingadhep dening Dewi Rukmini tuwin Dewi Setyaboma, sami amariksani bedhaya sarimpi ngiras pantes angentosi konduripun srinata. Ingkang rinembag kawontenanipun ing pasewakan. Srinata lajeng kondur angedhaton, lajeng lenggah satata. Srinata lajeng tindak dhateng ing pambojanan. Sasampunipun rampung bojana, srinata ngrasuk busana kaprajuritan lejeng tindak anurut kukusing dupa, andedel ngayuh ing gegana.

3.
Madeg ing Paseban Jawi. R Nakula, R Samba, Wresniwira, Patih Udawa. Rembag siyaga ing dedamel. Rekyana Patih Udawa ngundangi para wadya, sasampinipun samekta lajeng bidhal kapalan, sami nusul tindake Srinata.

4.
Madeg ing negari Selaprewata. Parbu Dermabirawa miyos siniwi ing wadyabala. Ingkang munggwing ngarsa ingkang rayi ing Kadipaten R Jayabirawa. Ingkang rinembag negari Amarta badhe pinukul prang rumyin, ingkang minangka senapatining ngayuda R Jayabirawa tuwin Bogabirawa. Sasampunipun wineling, ari kalih lajeng sami lumengser saking ngarsa, srinata angadhaton.

5.
Madeg ing Paseban Jawi. R Jayabirawa, R Bogabirawa tuwin para punggawa ditya. Ingkang rinembag : denira arsa dhumateng Tanah Jawi nedya mukul prang ing Amarta. Lajeng angundangi para wadya ditya, sasampuning samapta lajeng bidhalan.

6.
Madeg ing wukir Ratawu. Sang Resi Abiyasa miyos ing pacrabakan, katamuwan ingkang wayah R Janaka tuwin repatira tetiga ingkang andherek. Rembag R Janaka ingutus ingkang raka Srinata ing Amarta Prabu Yudhisthira ngaturaken pangabekti tuwin ngaturaken uninga bilih praja Amarta badhe kedhatengan mengsah saking Selaprewata. Sang Resi dhawuh saliring kasujanan. R Janaka lajeng pamit wangsul, linilan. Parepat tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk sami andherek. Lampahipun dumugi ing marga kakapag barisan danawa saking Selaprewata . Pasulayaning rembag dados prang, rota danawa ingkang ageng sami pejah. Sadaya ingkang alit sami lumajeng sapurug-purug. R Janaka lajeng malebet ing wana kendel ing sangandhaping mandera angasokaken sarira. Ing ngriku senapatining yuda R Jayabirawa ingkang munggeng gegana, sumerep para wadyanipun pancakara kathah ingkang tiwas sanalika boten mawi taken, R Janaka binekta ing gegana inguncalaken.
Dereng dumugi , tinampen R Bogabirawa. R Janaka cinempala, lajeng binucal dhawah ing siti, kantaka. Wungu saking kantaka, amusthi Pasopati. Sigra linepasaken angenani mengsah kekalih, sami sirna boten katingalan. Amung sasirnaning mengsah , wonten suwara kapiyarsa. Ing gegana gumaludhug , mendhung peteng lelimengan. Boten dangu ing gegana lajeng padhang. R Janaka boten sakeca ing galih, lajeng lampahipun angiring parepat tiga, Kyai Semar Nalagareng Petruk.

7.
Madeg ing ara-ara Gendhaga. Ratuning satowana awarni dwipangga nama Gajahbirawa, patih warni singa anama Singaloba, wadyabala buron wana. Rembag : mireng pawartos bilih sang Nata ing Selaprewata Prabu  Dermabirawa nglurug dhateng nagari Amarta, punika raja dwipangga nedya mbiyantu, awit ing ara-ara Gendhaga taksih kabawah ing Selaprewata. Sasampuning siyaga, buron wana sadaya lajeng bidhalan.

8.
Madeg ing nagari Amarta. Prabu Yudhisthira miyos siniwi, mungging pandhapa ageng. Ingkang mungging ngarsa kadang nata R Arya Werkodara, R Arya Nakula, R Arya Sadewa. Ingkang rinembag anggenipun praja Amarta badhe kancikan mengsah, sanget denira angarsa-arsa ingkang rayi R Dananjaya denira dinuta ngaturi pariksa ingkang Eyang Resi Abiyasa ing patapan Wukir Ratawu. Dereng watawis dangu, rawuhipun Srinata ing Dwarawati Prabu Kresna, lajeng lenggah satata. Sasampuning lenggah satata Sri Yudhisthira, R Dananjaya matur sasolahira dinuta, miwiti dumugining wekasan sadaya. Dhawuhipun Sri Kresna lajeng pinurih siyaga ing yuda sarta lajeng ambidhalaken wadyabala ing Amarta. Wadyabala ing Dwarawati sadaya anjagi sajawining kitha, R Arya Dananjaya dadya cucuking lampah, R Arya Werkodara mungging wuri sawadyanira kanthi putra R Arya Gathutkaca.

9.
Madeg ing negari Selaprewata. Prabu Dermabirawa nuju miyos ing pandhapi agung, siniwi para wadyabala. Ingkang mungging ngarsa Arya Birawa. Ingkang rinembag : Srinata angarsa-arsa ingkang rayi ing kadipaten R Arya Jayabirawa, tuwin R Arya Bogabirawa denira dinuta ngrumiyini ngepang praja Amarta. Punika sang Nata ing galih sampun karaos sumelang dene wantu-wantu sasmitaning jawata ing alun-alun katingal dhedhet pedhut lelimengan. Sasirnaning pedhut pancawora tarik, sagunging kayon sami sol, ringin kurung rungkat kekalihira. Sireping pancawora mambet ganda, ing ngriku Sang Prabu sampun anyana tiwasing ari kekalih. Boten dangu dhatengipun wulucumbu ingkang kinanthekaken dados panganjuring lampah para barisaning wadya ditya nama Kyai Togog tuwin Sarawita.
Sasampunira mangarsa , dinangu matur tiwasing margi dereng ngantos dumugi ing nagari Amarta para punggawa ditya sami pejah dening satriya Madukara R Janaka. Wadya alit bibar sapurug-purug, kapara ingkang rayi R Jayabirawa nalabung prang tuwin R Bogabirawa. Langkung rame prangira lawan satriya Madukara, wasana R Jayabirawa tuwin ingkang rayi R Bogabirawa sirna kapanduk ing warastra, kawon lajeng musna boten katingal. Srinata titi pamiyarsanira sakalangkung duka yayah sinipi, amung anganta-anta satriya Madukara. Wasana lajeng dahwuh dhumateng patihira pinurih amepak wadyabala sadaya siyaga dedameling prang. Srinata sedhiya nyarirani piyambak rawuh ing Amarta. Sasampuning samapta lajeng bidhal wadyabalanira.

10.
Madeg ing pasanggrahan wates praja Amarta. Prabu Bathara Kresna , Prabu Puntadewa, R Arya Wrekodara, R Arya Dananjaya, R Arya Nakula, R Arya Sadewa tuwin para putra pepak sumiweng ngarsa. Ingkang rinembag: denira arsa nata gelaring prang. Kasaru Rekyana Patih Tambakgangga sowan mangarsa atur pariksa dhatenging mengsah saking Selaprewata. R Arya Wrekodara, R Arya Dananjaya tuwin para putra sami mijil ing njawi. R Danajaya majeng prang mapag yudanipun Prabu Dermabirawa,. Langkung rame mijilaken pengabaran. Dangu boten wonten ingkang kasoran, R Arya Wrekodara majeng analabung prang. Prabu Dermabirawa kenging kacepeng binanting nulya binucal tebih, dhawah ing siti ngadeg sesumbar. Lajeng malih warni pindha Arjuna, prang rame sami warni Arjuna. Kang pindha Arjuna kenging kacepeng dening sang Arjuna, binanting lajeng binucal dhawah siti. R Arya Gathutkaca lajeng anyandhak dhateng kang pindha Arjuna, ingidak-idak binucal tebih. Satanginipun, malih warni pindha Gathutkaca, prang sami gegana. Sang pindha Gathutkaca kenging binucal dhawah ing siti tinampen R Arya Wrekodara ingidak-idak binucal. Sanalika santun warni pindha Werkodara, lajeng dadya prang kembar ing warna lawan R Arya Werkodara langkung rame, ngantos sami ngasta gada Rujakpolo. Para kadang sami kawekan ing galih mirsa solahing payudan. Sri Kresna lajeng tanggap animbali kadang waruju Pandhawa R Arya Nakula, R Arya Sadewa sami sowan mangarsa. Dhinawuhan sowan dhateng ingkang uwa Narpati Salya, nata ing Mandaraka ngaturi pariksa kawontenanipun ing payudan tuwin kautus nyuwun usada boten ketang warni toya satetes tuwin ron salembar janji saking ingkang uwa Prabu Salya punika lajeng kenging kangge sarana ing payudan. Raden kekalih lajeng pangkat gegancangan. Sigeg.

11.
Madeg ing nagari Mandraka. Prabu Salya pinuju gerah benter sanalika lumpuh sadaya, tinengga sang Prameswari Dewi Setyawati tuwin para putra Dewi Erawati, Dewi Surtikanthi, R Arya Rukmarata. Sami muwun dene gerahipun ingkang rama Nata sangsaya ngranuhi. Kasaru dhatengipun R Arya Nakula , R Arya Sadewa lajeng tumameng pura. Sasampuning lenggah raden kekalih wau sami amuwun angres sesambatipun. Dene ingkang uwa gerah sawatawis dangu boten mireng sarta ningali risaking sarira. Ing ngriku Prabu Salya kersa ngandika andangu, pulunan kekalih matur bilih dinuta kang raka Prabu Kresna tuwin Prabu Yudhisthira ngaturaken purwa madya wasananing payudan tuwin nuwun sarana. Ing ngriku sadangunira sareyan Prabu Salya sareng mireng aturira pulunan kekalih, lajeng gumregah wungu. Sarira katingal entheng nedya tindak ing palagan, pinambeng boten kenging. Lajeng pangkat boten karsa anitih amung tindak dharat binayang-bayang para putra kairing Patih Tuhayata para wadyanira sawatawis. Ciptaning driya rehning trahing prajurit katimbang pejah denira roga, aluwung sirna wonten palagan.

12.
Madeg ing pasanggrahan paprangan. Prabu Kresna, Prabu Puntadewa. Rembag sami emeng ing panggalih, dene denira prang kang rayi R Arya Wrekodara maksih dedreg dereng sami kasoran. Kasaru rawuhira Prabu Salya binayang-bayang. Nata kekalih gurawalan methuk. Sasampunira lenggah satata srinata kekalih matur punapa ingkang dados raosing gerahipun benter, salira cape sadaya. Nanging kedah paripeksa ing payudan, ciptaning wardaya tinimbang seda jalaran sakit aluwung majenga ing rana. Para putra pinurih ambayang, lajeng linaksanan dumugi samadyaning rana. Para putra pinurih sumingkir tebih, Sri Salya lenggah sarwi gumeter ngasta warastra pinenthang. Ing ngriku katingal kang lagya yuda R Wrekodara kaliyan mengsah kembaring warna. Sri Salya waspada ningali, lajeng anglepasaken jemparing. Menggah kang pindha Arya Wrekodara kenging warastra jajanira dhawah kantaka ing bantala, babar warni Prabu Dermabirawa. R Arya Wrekodara dipunawe kang raka Prabu Kresna, lajeng mundur ing payudan. Linipur, racuta kanepsonira. Prabu Dermabirawa lajeng sesumbar nyelaki mengsah, dupi tumingal Sri Salya langkung gawoking driya dene mengsah sampun jompo sarwi barangkangan. Ing ngriku Sri Salya sesumbar memanas driyaning mengsah. Prabu Dermabirawa nyelak sarwi duka, Sri Salya dinugang. Sukunira Prabu Dermabirawa cinandhak binanting kanteb, lajeng binucal tebih dhawah kalenggah. Wunguning kantaka, angadekaken pangaribawa warni-warni. Sri Salya boten kengguh , dangu-dangu Prabu Dermabirawa ngalumpruk tanpa bayu, sirna karosanira lajeng luluh. Sarira murca katingal dados rare alit sarwi celak Prabu Salya.
Ing ngriku Prabu Salya boten pangling bilih punika Candhabirawa, lajeng pinurih buntun manjinga dhateng garbanipun Sri Salya binolehan tembung manuhara. Boten dangu rawuhira Sri Kresna, Prabu Puntadewa. Srinata kekalih tumut angreripih dhateng Candhabirawa. Candhabirawa mangsuli purun wangsul dhateng guwagarbanipun Sri Salya, nanging benjing Bratayuda lajeng kapapaga Prabu Puntadewa. Awit punika titising kang rama Bagawan Bagaspati rumiyin. Prabu Puntadewa nyagahi, Candhabirawa lajeng manjing guwagarbanipun Prabu Salya, saksana Prabu Salya waluya kadi ing nguni. Lajeng sami masanggrahan, kasaru dhatengipun buron soroh amuk, pinapag R Arya Wrekodara tuwin R Arya Gathutkaca, prang sampak. Madeg ing pasanggrahan. Prabu Salya, Prabu Kresna, Prabu Puntadewa, ndhatengi pun kang mentas ungguling yuda. Lajeng sami bojana andrawina.
Tancep kayon.

Sumber :
http://corojowo.blogspot.com/search/label/15%20LAKON%20WAYANG


Pandhawa Putra Puja


Anggitan : KGPAA Mangkunagara VII

1.
Jejer ing negari Astina.Prabu Suyudana miyos ing pancaniti. Ingkang sumiwi putra R Lesmana Mandrakumara, Dhahyang Durna, Patih Arya Sangkuni tuwin para Kurawa pepak, R Arya Dursasana, R Kartamamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi.
Ginem : Sang Prabu suyudana angsal wangsiting jawata, dhinawuhan nglampahi puter puja medal saking praja . Dhahyang Drona dhinawuhan andherek, dene Patih Arya Sangkuni dalah para Korawa amung kalilan nguntapaken. Sasampuning dhawuh lajeng kondur angadhaton, Dhahyang Durna andherek srinata. Lajeng bibaran nangkil.

2.
Madeg ing gupit Mandragini. Sang padniwara Dewi Banowati lenggah ing pananggap prabasuyasa, ingadhep Dewi Lesmanawati tuwin para parekan. Risang wara angentosi kondurira srinata ngiras pantes mariksani ajaring bedhaya srimpi. Kasaru konduripun Sang Prabu tuwin Dhahyang Drona, lajeng pinethuk ing garwa miwah putra. Kekanthen asta lajeng binekta lenggah satata tuwin Dhahyang Drona . Sang nata imbal wacana dhateng garwa tuwin putra kawontenanipun ing pasewakan, lajeng tindak pambojanan. Sasampuning bojana lajeng santun busana, lajeng mijil ing jawi, Dhahyang Drona tan kantun.

3.
Madeg ing paseban njawi. Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa, R Arya Dursasana, R Kartamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi, R Arya Jayadrata. Ginem : Anggenipun badhe nguntapaken tindakipun sang nata dhateng wana Krendhayana, denira arsa puter puja. Patih Arya Sakuni lajeng dhawuh siyaga, para Korawa sampun samekta sami wahana turangga, namung ngentosi miyosipun sang nata, titihanira rata kencana sampun mangarsa. Wiyosipun Sri Suyudana tuwin Dhahyang Drona lajeng nitih rata kencana. Lajeng bidhal, ;para Korawa sami kapalan.

4.
Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang Prabu Jayabirawa miyos pandhapi, ingadhep Patih Siwanda tuwin para punggawa ditya sawatawis. Ginem : Sang Prabu miyarsa warta bilih para ratu ing tanah Jawi sami puter puja wonten ing wana Krendhayana . Sang Prabu kersa angresahi denira sami denira puter puja. Sang nata lajeng animbali punggawa siluman, sampun mangarsa ditya Jaramaya, Doramiya. Para ditya seluman sami dhinawuhan angresahi para ratu tanah Jawi denira sami puter puja wonten ing wana Krendhayana. Ditya seluman lajeng sami pangkat, sang nata kondur angadhaton.
Sigeg.
Lampahipun para sata Korawa ing Astina, ingkang sami nguntapaken srinata Astina tindak dhateng wana Krendhayana sareng dumugi ing margi kapapag ditya saking nagari Nungsakambang. Pasulayaning rembag dadya prang, wasana sami sesimpangan margi.

5.
Madeg ing pratapan Wukir Ratawu. Sang Bagawan Abyasa lenggah ing pacrabakan, ingadhep ingkang wayah R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca miwah panakawan tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk tuwin para cantrik. Ginem : Sang Begawan andangu dhateng kang wayah kekalih. Sami matur uninga lelampahanipun para Pandhawa anggenipun muter puja : Sang bagawan Abyasa dhawuh dhateng R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca kadhawuhan sami mantuk, amit rinilan pangkat ingiring panakawan repat tetiga. Sang Begawan lajeng tindak ing pamelengan.

6.
Madeg ing wana tarataban. Ditya Jaramaya, Sadumia, Doramiya. Ginem : Anggenipun kautus , gustinipun kadhawuhan angresahi para ratu tanah Jawi ingkang sami puter puja. Mangkana lampahira R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca ingiring Kai Semar, Nalagareng, Petruk saya celak lajeng kapapag ditya tetiga. Pasulayaning rembag dados prang rame. Ditya seluman boten saged pejah lajeng krodha anamakaken muksala. R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca sareng sami kenging kemayan lajeng dados reca. Kyai Semar, Nalagareng , Petruk sami sumerep bendaranipun dados reca lajeng sami mantuk dhateng Madukara nedya atur pariksa.

7.
Madeg ing wana Krendhayana. Sang Prabu Suyudana tuwin Dhahyang Drona , Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa. Sri Suyudana tuwin Dhahyang Drona lajeng sami amiwiti puter puja. Patih Arya Sakuni lajeng wangsul mantuk dhateng ing nagari Astina tuwin para kadang Korawa lajeng sami pangkat.

8.
Madeg Sang Bagawan Lanowa, satriya atapa bisu. Lajeng kasaru rawuhipun Sang Prabu Suyudana tuwin Dhahyang Dorna. Sang begawan dinangu kendel datan mangsuli,. Sareng sinerapaken dening Dhahyang Drona matur menggah anggenipun tapa punika perlu napakaken mantu kula nama R Arjuna. Sang Prabu sareng miyarsa aturing sang begawan, Sang Prabu Suyudana langkung krodha. Sang Begawan pinejahan kuwanda muksa, tilar swara angancam benjing prang Bratayudha badhe males. Sang Prabu lajeng andumugekaken anggenipun puter puja.

9.
Madeg ing Madukara. Raden Arjuna lenggah kaliyan ingkang garwa dewi wara Sumbadra tuwin dewi wara Srikandhi. Kasaru dhatengipun Kyai Lurah Semar, Nalagareng, Petruk sarwi tawan-tawan tangis. Dinangu, matur tiwasing putra R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca, sami dados reca wonten wana tarataban. Awit perang kaliyan ditya seluman, lajeng kenging kemayanipun. R Arjuna sareng miyarsa turira Kyai Semar, Arjuna langkung duka arsa ngupadosi ingkang putra. Lajeng pangkat kadherekaken panakawan repat tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk.

10.
Sigeg. Ing wana tarataban. Lampahipun R Arjuna kapethukaken dening Sang Hyang Bethari Durga amancala warni pawestri endah kang warni nama Dewi Talimendang. R Arjuna uninga Dewi Talimendang lajeng kasmaran. Sang Dewi dipun ngungrum malajeng, binujung. Sang Dewi babar Sang Hyang Bathari Durga, lajeng paring sabda dhateng R Arjuna kados bantheng. R Arjuna lajeng dados bantheng, nanging meksa ambujung kemawon, sareng enget sumerep wujudipun piyambak lajeng anjetung kendel. Kyai Semar, Nalagareng, Petruk ugi nangis bingung katilapan bendaranipun. Lajeng nedya mantuk, bantheng dhateng ing nagari Dwarawati.

11.
Madeg ing nagari Dwarawati. Sang Prabu Kresna miyos ing pandhapi ageng, ingadhep ingkang putra R Samba tuwin R Arya Setyaki. Sowanipun Patih Udawa atur uninga ing njawi wonten bantheng ngamuk. Lajeng kapapagaken sang Prabu Kresna. Bantheng lajeng angrungkebi padanipun ingkang raka Prabu Kresna sarwi akathah-kathah. Sang Prabu lajeng ambiyantu mancala warna dados rare bajang nama Jaka Sungkana, bantheng nama bantheng Andini lajeng tinumpakan. Lajeng pangkat dhateng praja Nungsakambang.



12.
Madeg ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa miyos ing pandhapi, ingadhep ingkang rayi R Arya Wrekodara , tuwin R Nakula, R Sadewa. Ginem : Sang Prabu arsa puter puja. Sang Prabu Puntadewa dhahwuh dhateng ingkang rayi R Arya Wrekodara tuwin R Nakula. R Sadewa sami dhinawuhan andherek dhateng ing wana Krendhayana, sampun sami samekta lajeng bidhal.

13.
Madeg ing wana Krendhayana. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi R Arya Wrekodara, R Nakula, R Sadewa. Wonten ing ngriku sami amanggih reca gajah pethak, ing nalika samanten patilasanipun R Gajahoya. Sri Puntadewa tuwin para rayi lajeng sami amatrap semadi. Boten antawis dangu rawuhipun Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra amaringaken panetepipun agami, utawi tulus anggenipun angratoni ing nuswa Jawi. Tuwin ungguling Bratayuda ing benjing. Sasampuning dhawuh Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra lajeng sami kondur ing kahyangan. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi sami kondur mring Amarta, lajeng bidhalan.

14.
Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang Prabu Birawa miyos ing pandhapi , ingadhep Patih Siwanda. Kasaru rawuhipun Sang Hyang Bathari Durga, sampun lenggah satata. Ginem : Sang Hyang Bathari Durga paring uninga bilih raden Arjuna sirna. Sang Prabu Birawa suka panggalihipun, Sang Hyang Bathari Durga lajeng kondur makayangan. Katungka dhatengipun R Jaka Sungkana anumpak bantheng Andini , wonten ing alun-alun ing Nungsakambang angamuk. Sang Prabu Birawa krodha lajeng medal ing njawi panggih ayun-ayunan prang rame. Patih Siwanda lajeng dados sima gembong, ingaben kaliyan bantheng Andini lajeng babar R Arjuna. Sang Prabu Kresna lajeng angayat cakra, sampun lumepas kenging Prabu Birawa lajeng babar Sang Hyang Kala. Sima gembong kenging lajeng babar Hyang Kalayuwana, lajeng sami muksa dhateng ing kahyangan.

15.
Madeg Prabu Kresna tuwin R Arjuna. Ginem : Sasirnaning Sang Hyang Kala lajeng ngupadosi para kadang Pandhawa. Sri Kresna tuwin R Arjuna dumugi ing wana tarataban uninga reca kekalih bagus warnanipun, lajeng pinarepekan. Sareng sampun celak lajeng rinuwat, reca kekalih babar R Arya Gathutkaca tuwin R Angkawijaya. Dinangu, matur purwa madya wasana katur ingkang uwa Sri Kresna tuwin rama R Arjuna. Kang putra kekalih lajeng kadhawuhan andherek kondur dhateng nagari Amarta, lajeng sami bidhal.
Lampahipun Prabu Kresna, R Arjuna tuwin putra R Angkawijaya R Gathutkaca dumugi ing margi kapanggih ingkang rayi Prabu Puntadewa tuwin kang rayi R Arya Wrekodara, R Nakula, R Sadewa . Ginem : Sri Kresna warta-winartan lejeng ingaturan kondur dhateng nagari Amarta , sadaya lajeng bidhal.

16.
Madeg ing nagari Astina. Sang Prabu Suyudana miyos ingadhep dhahyang Drona tuwin Patih Arya Sakuni. Ginem : Anggenipun mentas lumampah puter puja tuwin anggenipun mejahi pandhita tapa ingkang boten dosa. Sang Prabu rumaos manggih sesikuning jawata. Sang Nata esmu kaduwung sarta amireng pawartos bilih kadang Pandhawa anggenipun sami lampah puter puja angsal damel. Sri Suyudana lajeng animbali para kadang Korawa. R Arya Dursasana, R Arya Jayadrata, R Kartamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi sampun sowan, lajeng kinen mangarsa. Sang Prabu dhawuh dhateng R Arya Dursasana sakadangira dhinawuhan angrampit ing praja Amarta. Sami sandika lajeng bidhalan, sang nata lajeng kondur ngadhaton.

17.
Madeg ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi Prabu Kresna ingadhep para rayi, R Arya Wrekodara, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa tuwin para ;putra santana pepak. Ginem : sang Prabu Puntadewa ngaturaken anggenipun anglampah puter puja nalika wonten Krendhayana. Anggenipun semedi ing ngriku lajeng katurunan Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra andhawuhaken timbalanipun Sang Hyang Girinata. Sri Kresna miyarsa langkung suka ing galih, sang Prabu Kresna ngantos ngaturaken lelampahinipun nalika wonten ing praja Nungsakambang, katur sadaya. Lajeng kasaru gegering njawi dhatengipun para Korawa sami angrampit praja. Sang Prabu Puntadewa dhawuh dhateng ingkang rayi R Arya Wrekodara dhinawuhan mapag. R Arya Wrekodara lajeng medal njawi, dumugi ing njawi lajeng prang sampak. Para Korawa sami kasor lumajar sar-saran, R Arya Wrekodara lajeng wangsul dhateng pasewakan.

18.
Madeg Sang Prabu Puntadewa, Prabu Kresna, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa, R Angkawijaya, R Arya Gathutkaca para kadang Pandhawa pepak, tuwin para putra santana. Sowanipun R Arya Wrekodara ingkang mentas saking yuda, sampun lenggah satata. Lajeng mangun bojana andrawina. Tanceb kayon.

Sumber :
http://corojowo.blogspot.com/search/label/15%20LAKON%20WAYANG